Ing sak jeroning angenku, dak rasake nyatane aku iki kenal wae kaya-kaya durung, pethuk ya durung, weruh apa maneh babar pisan, amung tau ngerti neng asmane, ngono wae yo jare uwong, yogene ing rasa ati kok tansah cedak karo aku, malah sajak kaya tansah sawiji, kaendahan ing warna, kaluhuran tanpa umpama, ora bakal bisa dak gambarake ing sak jeroning cerita, kenengapa rasa kangen kok ora bisa tak ilangna, ndaya-daya kepingin weruh sejatine sapa….?